Guritan

nalika rembulan wiwit ndadari
hawa atis wiwit rinasa
slasa iku ana warta
pelantun takgendhong
sowan pangayonan

tenaga tuwa ra imbang karo donya
kang diburu mung moncering lagu
akeh kadang kang kelangan
senanjan sakedhepan
ning wis bisa nggawa crita anyar
sugeng tindak mbah Surip

Basa Jawa Ing Tlatah Jawa Timur

Wiwit anane SK Gubernur Iman Utomo no. 188/KP/188, nganti tumekane saiki ing pawiyatan durung ana buku kang bisa kanggo standar ing tlatah Jawa Timur.
Kompetensi Dasar kang nate dibahas ing tingkat Prop. Jatim wis katindakake kaping pindho lan ngrawuhake para dwija kang mumpuni ing babagan basa lan sastra Jawa saka MGMP-MGMP Basa Jawa Ing Jatim . Ning nganti dinane iki akeh para dwija kang durung nyekel lan magerteni isine. (syukur yen para dwija kersa mbukak ing blogspot bapak Unang/http://unang.co.nr).

Tataran Basa Jawa ing Jawa Timur katone angel dibakokake kanggo gawe buku. Iki bisa katitik saka geografis wilayah. Saka Wetan Banyuwangi, basa kang digunakake wilayah kidul Jawa, lor Using, daerah pesisir pendalungan (Madura Jawa) ana uga kang Madura, Bali lsp. Situbondo, Jember, Lumajang, Bondowoso, Probolinggo basa Jawa lan Madura, Tengger basa tengger, Pasuruan basa madura Jawa lan dialek Malangan, Malang dialek Malang, Sidoarjo, Surabaya, Jombang, Mojokerto dialek Surabayoan, Gresik, Lamongan, Tuban Jawa Pesisir, Blitar lan Kab kulon Kali Brantas basa Jawa.

Mangga para kadang dwija kersaa Basa Jawa Jawa Timur bisa luwih tumanja ing olah ketrampilan basa lan sastra Jawa!!!

Sabtu, 02 Maret 2019

Jumat, 22 Agustus 2014

PENGUMUMAN LAN DAFTAR ULANG SKGJ BAHASA DAERAH UNESA 2013/2014

Para kadang Dwija Jawa wonten ing Jatim ingkang sampun ndhaftar rikala awal Agustus 2014 kalawingi saged amriksani asilipun, salejengipun wiwit tanggal 25 Agustus 2014 saged daftar ulang. Hasil saged kaundhuh

Jumat, 27 Juli 2012

Kisi-Kisi UKG basa jawa sampun saged kaundhuh wonten http://ukg.kemdikbud.go.id/index.php?pg=kisi , utawi saged kaundhuh ing ukg basajawa 026
Kisi-kisi UKG basa jawa kode 062 sampun kaunggahake dening ukg.kemdikbud.go.id wiwit tanggal 27 Juli. lan menawi kangelan undhuh saged kaundhuh ing ngriki (basa jawa kode 062)

Minggu, 18 Maret 2012

Kisi-kisi Basa jawa Kabupaten Banyuwangi tahun 2012

Kagem dwija lan para siswa SMP ing banyuwangi mangga punika wonten kisi-kisi soal ujian Sekolah (US) saged kaundhuh (kaklik ing ngriki)